Jumat, 09 Desember 2016

Guyon Maton" Pangalamanku Ing Sekolah"

Hasil gambar untuk gambar sekolah



Pangalamanku Ing Sekolah

Aku nang kene arepe nyritakake pengalamanku sekolah mulai TK nganti SMA. Bah ragenah ra opo penting isa marai guyu yen gak guyu brarti gak lucu. Ibadahmu ya kurang khusyuk. J
            Wektu TK, aku nduwe kanca. Jenenge gak usah disebut lah. Sak elingku, areke iku ndhisek kae ndablek lan senengane nangisan. Pernah kaping pisan, pas dina jumat nganggo klambi batik, areke iku budal sekolah karo clanane nggedibal. Tak kirane arek iku ngiseng ta apa, tibakno areke iku nggawe popok e adhike sing jek bayi. Arek iku ngomong nang kanca-kancane
“Hei, aku nggawe popok... Aku nggawe popok...”
            Wektu MTs, aku budal sekolah karo nguntil. Pas arep teka sekolah, nang ngarepku enek arek SMK budal sekolah. Arek iku lemu banget. Wektu sepedhae dikayuh, moro-moro “Juuuuus...”. Areke bingung swarane apa iku mau. Areke mandek lan ndelok ban sepedhae. Tibakno pentil ban sepedhae cepot. Areke bingung nggoleki pentil ban sepedhae iku mau.
            Wektu SMA, aku kelingan pas iku aku isek kelas XI, ing kelasku iku ana bocah wadon kang crawak banget amarga yen omong senengeane bengak- bengok lan watake kaku ora gelem disalahke lan emoh salah pas iku, a dheweke bengok- bengok amrga aku ngecas laptop ing ngarepan kelas. Dheweke mbengok “sapa sing ngeca iki?”pitakone dheweke, aku langsung ngacung ambe muni “ aku mbak sing ngecas” mboh nyapo to ekspresine dheweke langsung ganthi rada kalem oh iya gapa saman ngecas maneh wae, aku tak ngecas nang nggon liya. Hla kok nada ne dheweke mulih ganthi alus ngana akhire aku meneng sedhikluk ambe mikir akhire aku gak sido mikir amarga dheweke bakale yo  gak bakal mikir aku. Dadi aku lungguh maneh kesel mikir sing gak tau ikir aku. Baper (Yobah...!)

Jumat, 19 Agustus 2016

CERKAK BAHASA JAWA

IMPEN KANG DADI KASUNYATAN


            Semester loro arepe mari. Wektune arek kelas enem, sanga, lan kelas rolas siap-siap nggolek sekolah anyar lan ora bisa seneng-seneng maneh. Fika arek kelas enem sekolah ing SD Negeri 1 Sukoharjo lagi sregep sinau amarga arepe persiapan kelulusan. Pirang-pirang dina wis liwat, saiki wektune dina penentuan. Dina penentuan iku areke lakoni kang gampang. Amarga kerja kerase, Fika entuk biji maksimal lan kelebu ing salah siji sekolah paling favorit ing daerahe. Fika uga dadi salah siji murid paling pinter ing sekolahe. Wektu mulih sekolah pas dalane sepi, Fika weruh wong nyeret glangsing. Fika gak ngerti njorene glangsing kuwi apa nanging glangsing iku isa obah-obah dhewe. Fika mulih tanpa ragu yen ana kedadeyan sing ora dikira.

            Wektu unggah-unggahan ing kelas wolu, bapake Fika entuk tugas ing luar kota kanggo wektu sing suwi. Gelem gak gelem Fika kudu melu bapake ing luar kota lan pindah sekolah. Fika pindah ing sekolah sing ana asramane panggonane ibuke sekolah ndhisek. Fika ora gelem, nanging wong tuwane panggah mekso.

            “ Mboten! Kula mboten kersa sekolah dateng ngriku, buk “ omonge Fika ora gelem.
            “ Fika, iku sekolahe ibuk ndhisek. Sekolah ing kono enak kok ” ibuke Fika ngelem Fika.
            “ Kula tetep mboten kersa... “ omonge Fika karo nada sing ora pati nesu.

            Fika nesu lan langsung ngurung awake dhewe ing njero kamar. Bengine Fika ngipi buruk. Ing ngipine ana wong lanang lan wong wedok loro. Salah siji saka wong wedok iku pacare wong lanang lan sijine iku selingkuhane. Wektu wong lanang karo selingkuhane mlaku-mlaku ing taman, pacare wong lanang iku mau liwat lan weruh lek pacare kuwi selingkuh. Pacare wong lanang iku mau nekani pacare lan njaluk putus. Wong lanang iku mau ora gelem lan mutusne selingkuhane, nanging selingkuhane yo emoh. Akhire selingkuhane iku mau nesu-nesu terus ngalih, pacare yo ngalih.

            Sesuke wektu jam sekolah wis mari pacare wong lanang iku mau mulih. Dalanan kang diliwati sepi ora ana wong sing liwat kono. Ana beberapa wong lanang kang ngetutne. Pacare wong lanang iku mau weruh lan mlayu. Areke mlayu, terus mlayu nanging akhire yo kecekel. Pacare wong lanang iku mau dibekap lan diculik karo kongkonane selingkuhane wong lanang iku mau.

            “ Tulung... tulung... “ omonge karo njaluk tulung.

            Pacare wong lanang iku mau dibekap nganti pingsan terus dilebokne glangsing lan digawa ngganggo mobil. Ing omah kosong pacare wong lanang iku dipateni terus ditinggal nang kono nganti mayate bosok. Fika langsung tangi, areke bingung lapo kok isa ngipi kayata ngunu. Mara-mara HPne muni, ana telpon saka wong gak dikenal. Karo Fika diangkat nanging gak ana wong sing ngomong. Fika mung krungu swarane wong ndesah.

            “ Hallo... hallo “ omonge Fika.
            “ Hallo... Niki sinten nggeh? “ takoke Fika.
            “ Heeeh... heeeh... “ swara wong ndesah.
            “ Hallo! Niki sinten? Yen mboten wonten sing diomongne, kula tutup “ omonge Fika nesu-nesu.
            “ Tulung... tulung aku... “ jawabe wong sing nelpon.
            Mara-mara HPne mati.
            “ Hallo... hallo... “ omonge Fika keweden.

            Sesuke Fika cepak-cepak apa sing arepe areke gawa ing asrama. Fika wis didaftarne sekolah karo ibuke dadi gelem gak gelem areke kudu sekolah ing kono. Ing asrama, areke entuk kamar ing pojok lantai loro. Areke sak kamar karo Risma lan Rika. Risma lan Rika areke apikan, neng endi-endi arek telu kuwi mau mesti bareng. Fika mulai betah sekolah ing kono. Sak wulan sak wise pindah, mara-mara Fika krasa ana sing aneh. Fika gelek ngipi kedadeyan matine wong wedok iku. Fika uga sering dipetuki wong wedok kang ayu banget, nanging wektu arepe diparani wong wedok ayu mau ngilang.

            Bengine Fika uga ngipi kuwi maneh. Nanging ngipine iki beda karo sing biasane. Fika kayata dikongkon menyang omah kosong panggone wong wedok iku mati, nanging Fika ora gelem. Wayah bengi, Fika mesti ngipi kedadeyan sing pada. Fika mangkel, lan Fika mara ing omah kosong kasebut. Fika nemukne mayat kang ambune wis gak enak ing kono. Fika langsung nelpon polisi. Gak suwi mari ngono polisi teka. Para warga uga pada teka ndelok kedadeyan kasebut. Fika nyritakne apa sing areke weruhi ing polisi. Polisi uga nemukne barang bukti yaiku golok kang dienggo gorok gulune wong wedok iku. Ditemukake identitas kang jenenge Amel ing kono. Amel iku salah siji murid ing asrama panggone Fika tinggal. Fika eling yen areke tau dicritani karo kancane sak kamar yen ana arek sing tinggal ing kamare terus ngilang tanpa sebab. Sak bare diselidiki tibakne wong sing mateni Amel yaiku Fani, selingkuhane pacare Amel. Amarga lara ati, selingkuhane pacare Amel nganti tega mateni wong. Fani saiki dipenjara amarga kelakuane kasebut.


            Bengine ing kamar, Fika uga ditemoni arek wedok kuwi maneh. Arek wedok kuwi mau ngomong matur suwun menyang Fika. Fika nyauri karo senyum.