Pangalamanku Ing Sekolah
Aku nang
kene arepe nyritakake pengalamanku sekolah mulai TK nganti SMA. Bah ragenah ra
opo penting isa marai guyu yen gak guyu brarti gak lucu. Ibadahmu ya kurang
khusyuk. J
Wektu TK, aku nduwe kanca. Jenenge gak
usah disebut lah. Sak elingku, areke iku ndhisek kae ndablek lan senengane
nangisan. Pernah kaping pisan, pas dina jumat nganggo klambi batik, areke iku
budal sekolah karo clanane nggedibal. Tak kirane arek iku ngiseng ta apa,
tibakno areke iku nggawe popok e adhike sing jek bayi. Arek iku ngomong nang
kanca-kancane
“Hei,
aku nggawe popok... Aku nggawe popok...”
Wektu MTs, aku budal sekolah karo
nguntil. Pas arep teka sekolah, nang ngarepku enek arek SMK budal sekolah. Arek
iku lemu banget. Wektu sepedhae dikayuh, moro-moro “Juuuuus...”. Areke bingung
swarane apa iku mau. Areke mandek lan ndelok ban sepedhae. Tibakno pentil ban
sepedhae cepot. Areke bingung nggoleki pentil ban sepedhae iku mau.
Wektu SMA, aku kelingan pas iku aku
isek kelas XI, ing kelasku iku ana bocah wadon kang crawak banget amarga yen
omong senengeane bengak- bengok lan watake kaku ora gelem disalahke lan emoh
salah pas iku, a dheweke bengok- bengok amrga aku ngecas laptop ing ngarepan
kelas. Dheweke mbengok “sapa sing ngeca iki?”pitakone dheweke, aku langsung
ngacung ambe muni “ aku mbak sing ngecas” mboh nyapo to ekspresine dheweke
langsung ganthi rada kalem oh iya gapa saman ngecas maneh wae, aku tak ngecas
nang nggon liya. Hla kok nada ne dheweke mulih ganthi alus ngana akhire aku
meneng sedhikluk ambe mikir akhire aku gak sido mikir amarga dheweke bakale
yo gak bakal mikir aku. Dadi aku lungguh
maneh kesel mikir sing gak tau ikir aku. Baper (Yobah...!)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar