IMPEN KANG DADI KASUNYATAN
Semester loro arepe
mari. Wektune arek kelas enem, sanga, lan kelas rolas siap-siap nggolek sekolah
anyar lan ora bisa seneng-seneng maneh. Fika arek kelas enem sekolah ing SD
Negeri 1 Sukoharjo lagi sregep sinau amarga arepe persiapan kelulusan.
Pirang-pirang dina wis liwat, saiki wektune dina penentuan. Dina penentuan iku
areke lakoni kang gampang. Amarga kerja kerase, Fika entuk biji maksimal lan
kelebu ing salah siji sekolah paling favorit ing daerahe. Fika uga dadi salah
siji murid paling pinter ing sekolahe. Wektu mulih sekolah pas dalane sepi,
Fika weruh wong nyeret glangsing. Fika gak ngerti njorene glangsing kuwi apa nanging
glangsing iku isa obah-obah dhewe. Fika mulih tanpa ragu yen ana kedadeyan sing
ora dikira.
Wektu
unggah-unggahan ing kelas wolu, bapake Fika entuk tugas ing luar kota kanggo
wektu sing suwi. Gelem gak gelem Fika kudu melu bapake ing luar kota lan pindah
sekolah. Fika pindah ing sekolah sing ana asramane panggonane ibuke sekolah
ndhisek. Fika ora gelem, nanging wong tuwane panggah mekso.
“ Mboten! Kula
mboten kersa sekolah dateng ngriku, buk “ omonge Fika ora gelem.
“ Fika, iku
sekolahe ibuk ndhisek. Sekolah ing kono enak kok ” ibuke Fika ngelem Fika.
“ Kula tetep
mboten kersa... “ omonge Fika karo nada sing ora pati nesu.
Fika nesu lan
langsung ngurung awake dhewe ing njero kamar. Bengine Fika ngipi buruk. Ing ngipine
ana wong lanang lan wong wedok loro. Salah siji saka wong wedok iku pacare wong
lanang lan sijine iku selingkuhane. Wektu wong lanang karo selingkuhane
mlaku-mlaku ing taman, pacare wong lanang iku mau liwat lan weruh lek pacare
kuwi selingkuh. Pacare wong lanang iku mau nekani pacare lan njaluk putus. Wong
lanang iku mau ora gelem lan mutusne selingkuhane, nanging selingkuhane yo
emoh. Akhire selingkuhane iku mau nesu-nesu terus ngalih, pacare yo ngalih.
Sesuke wektu jam sekolah
wis mari pacare wong lanang iku mau mulih. Dalanan kang diliwati sepi ora ana
wong sing liwat kono. Ana beberapa wong lanang kang ngetutne. Pacare wong lanang
iku mau weruh lan mlayu. Areke mlayu, terus mlayu nanging akhire yo kecekel.
Pacare wong lanang iku mau dibekap lan diculik karo kongkonane selingkuhane
wong lanang iku mau.
“ Tulung...
tulung... “ omonge karo njaluk tulung.
Pacare wong lanang
iku mau dibekap nganti pingsan terus dilebokne glangsing lan digawa ngganggo
mobil. Ing omah kosong pacare wong lanang iku dipateni terus ditinggal nang
kono nganti mayate bosok. Fika langsung tangi, areke bingung lapo kok isa ngipi
kayata ngunu. Mara-mara HPne muni, ana telpon saka wong gak dikenal. Karo Fika
diangkat nanging gak ana wong sing ngomong. Fika mung krungu swarane wong
ndesah.
“ Hallo... hallo “
omonge Fika.
“ Hallo... Niki
sinten nggeh? “ takoke Fika.
“ Heeeh...
heeeh... “ swara wong ndesah.
“ Hallo! Niki
sinten? Yen mboten wonten sing diomongne, kula tutup “ omonge Fika nesu-nesu.
“ Tulung... tulung
aku... “ jawabe wong sing nelpon.
Mara-mara HPne
mati.
“ Hallo...
hallo... “ omonge Fika keweden.
Sesuke Fika
cepak-cepak apa sing arepe areke gawa ing asrama. Fika wis didaftarne sekolah
karo ibuke dadi gelem gak gelem areke kudu sekolah ing kono. Ing asrama, areke
entuk kamar ing pojok lantai loro. Areke sak kamar karo Risma lan Rika. Risma
lan Rika areke apikan, neng endi-endi arek telu kuwi mau mesti bareng. Fika
mulai betah sekolah ing kono. Sak wulan sak wise pindah, mara-mara Fika krasa
ana sing aneh. Fika gelek ngipi kedadeyan matine wong wedok iku. Fika uga
sering dipetuki wong wedok kang ayu banget, nanging wektu arepe diparani wong
wedok ayu mau ngilang.
Bengine Fika uga ngipi
kuwi maneh. Nanging ngipine iki beda karo sing biasane. Fika kayata dikongkon
menyang omah kosong panggone wong wedok iku mati, nanging Fika ora gelem. Wayah
bengi, Fika mesti ngipi kedadeyan sing pada. Fika mangkel, lan Fika mara ing
omah kosong kasebut. Fika nemukne mayat kang ambune wis gak enak ing kono. Fika
langsung nelpon polisi. Gak suwi mari ngono polisi teka. Para warga uga pada
teka ndelok kedadeyan kasebut. Fika nyritakne apa sing areke weruhi ing polisi.
Polisi uga nemukne barang bukti yaiku golok kang dienggo gorok gulune wong
wedok iku. Ditemukake identitas kang jenenge Amel ing kono. Amel iku salah siji
murid ing asrama panggone Fika tinggal. Fika eling yen areke tau dicritani karo
kancane sak kamar yen ana arek sing tinggal ing kamare terus ngilang tanpa
sebab. Sak bare diselidiki tibakne wong sing mateni Amel yaiku Fani,
selingkuhane pacare Amel. Amarga lara ati, selingkuhane pacare Amel nganti tega
mateni wong. Fani saiki dipenjara amarga kelakuane kasebut.
Bengine ing kamar,
Fika uga ditemoni arek wedok kuwi maneh. Arek wedok kuwi mau ngomong matur
suwun menyang Fika. Fika nyauri karo senyum.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar